Lirik Lagu Difarina Indra Adella - Lamunan

 

Lirik Lagu Difarina Indra Adella - Lamunan

Sumribid angin ratri tansah hangantheni Setya nrajang telenging ati Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi Tansah angranti tekamu duh yayi Wong bagus age nyedhak o ing sandhingku Nyawang manising esemu Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku Haywa pegat tresnamu sayangku Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan Tresnoku mring sliramu sayang Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang Yekti sliramu kang dadi lamunan Wong bagus age nyedak o ngekep ragaku Sirnakno lara bronto, ing atiku Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan Tresnaku mring sliramu sayang Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang Yekti sliramu kang dadi lamunan Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan Tresnaku mring sliramu sayang Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang Yekti sliramu kang dadi lamunan Yekti sliramu kang dadi lamunan

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama